Minggu, 05 Mei 2019

CRIKAK BASA JAWA



SAKA KARTINI

Dening Prysila D E
Pitik jago kang biyasane mlangkring ana ing uwit pelem etan omahku kluruk nandhakake nalika iki wayah esuk. Aku banjur tangi saka kasurku kang wis rada tua iki. Aku tangi lan pinuju menyang kamare anakku. Tak gugah anakku sing ijik turu angler banjur tak jak sholat subuh bareng. Sanajan bojoku wong rantauan, aku mung sakomah karo anakku wedok kang umure wis ngancik limalas taun. Anakku jenenge Mawar. Aku wenehi anakku jeneng Mawar supaya besuk gedhe dadi wong wadon kang bisa njaga awake dhewe lan njaga jenenge wong tuwa. Aku mung wong mlarat kang pagaweyane ora mesthi. Bojoku lunga menyang Jakarta, nanging wis luwih saka rong taun dheweke durung bali meyang desa lan ora wenehi kabar. Anakku saiki sekolah wis kelas telu SMP. Aku kudu nyambut gawe kang luwih sregep supaya bisa nglumpukake dhuwit akeh kanggo nglanjutake sekolah anakku menyang jenjang SMA. Aku nduwe cita-cita nyekolahake anakku nganti teka perguruan tinggi.  
Aku nyambut gawe ana ing warung mangan kang mapan ing sakcedhake omahku. Sadururnge aku mangkat nyambut gawe, aku menyang alas disik golek godhong gedang banjur tak do ling pasar. Ing pasar aku sisan tuku beras lan tempe. Wektu teko ngomah, beras lan tempe mau banjur tak masak lan tak gawe sarapan karo anakku.  Rampung sarapan, anakku pamit mangkat menyang sekolahan. Wektu anakku mangkat sekolah aku uga mangkat menyang nggonku nyambut gawe.
“Yu karti, tulung piring lan gelas iki isahana saiki ya.” Prentahe Bu Jono juraganku wektu aku teka warung.
“Inggih, Bu.”
Dina ganti dina, aku nglakoni pagaweyanku kaya biyasane. Anakku saiki wis anyak tryout sedilit maneh ujian nasional. Aku kudu cepak-cepak dhuwit kanggo daftar sekolah SMA anakku. Wayah pendaftaran wis dibuka, banjur tak daftarke anakku menyang SMA negeri. Aku milihake anakku sekolah ing negeri supaya biayane ora akeh.
Ing SMA anakku kagolong bocah pinter, dheweke entuk beasiswa, mula anakku ora bayar spp. Wektu ganti semester, anakku njaluk dhuwit kanggo tuku buku. Nanging aku durung nduwe duit kanggo tuku buku anakku.
“Bu, kula nyuwun arta kangge tumbas buku, kancane sampun padha tumbas. Namung kula sek dereng tumbas.”
“Iya, nduk. Nanging iki ibu lagi ora nduwe dhuwit. Yen kowe arep sinau, kowe njiliho bukune kancamu dhisik ya, nduk.”
“Ibu niku pripun to ? lha jare pengin kula dadi wong pinter, nanging nyuwun arta kangge tumbas buku mawon boten diparingi.” Swarane anakku rada banter, banjur dheweke mlebu kamar.
Aku sedhih nalika krungu omongane anakku mau. Aku dadi wong tuwa nanging ora bisa nyenengake anakku. Pirang-pirang dina anakku ora gelem omongan karo aku amarga ora tak wenehi duwit kanggo tuku buku, dheweke uga ora gelem mangan. Wektu dhuwitku wis mlumpuk kanggo tuku buku anakku, aku banjur wenehake dhuwit kuwi menyang anakku.
“Nduk, Mawar…” aku mlebu menyang kamare anakku.
Tak tonton anakku lagi krubutan sarung, jebul dheweke lara amarga ora gelem mangan. Banjur mawar tak gawa menyang klinik. Dhuwit kang jane kanggo tuku buku, tak kelongake kanggo prikso Mawar. Sakwise Mawar mari, aku banjur ngutang dhuwit menyang tonggoku kanggo tuku bukune Mawar. Aku ora kepengin Mawar suwe-suwe nesu karo aku.
Wayah ganti wayah, Mawar saiki wis kelas telu SMA. Mawar ngomong menyang aku nalika dheweke kepengin kuliah. Gelem ora gelem, aku kudu nuruti panjaluke anakku amarga aku sayang banget karo anakku. Anakku kuliah kanthi oleh beasiswa, dheweke kuliah dibiayai negara. Atiku rada lega amarga kuwi. Ing pakuliahan, Mawar dadi mahasiswa teladhan. Mawar kerep melu lomba-lomba tingkat nasional. Wektu dheweke wisuda, dheweke langsung digoleki dening manager perusahaan gedhe lan ditawani nyambut gawe. Aku sansaya bungah krungu kabar iku saka anakku.
Anakku nyambut gawe ing perusahaan dadi sekertaris. Sawijining dina, anakku gajian. Dhuwit kang ditampa anakku jumlahe punjul saka rong juta. Anakku mulih saka pagaweyane banjur wenehi aku dhuwit iku.
“Bu, niki arta kangge dandani omah niki nggih, mangke jenengan pados tukang. Supaya yen udan boten trocoh.” Anakku ngelungake dhuwit gajiane iku mau.
Dhuwit kui tak simpen lan aku golek tukang kanggo dandani omahku iki. Suwe-suwe oamhku dadi apik amarga anakku wis dadi wong sukses. Amarga anakku nyambut gawe dadi sekertaris, dheweke kerep mulih bengi. Saben teka ngomah langsung turu. Aku lan anakku arang omongan. Aku kangen karo anakku kang wis tak kandhung lan tak openi wiwit lair.
“Nduk, kene ibu pengin omongan karo kowe sedilit wae.”
“Ngendika punapa bu ? kula niku wis ngantuk lan kesel. Benjing mawon bu menawi ajeng ngendika.”
Saben dina aku wis nyoba ngajak omongan anakku, nanging dheweke alesan terus. Aku ora tega nalika meksa omongan karo anakku amarga dheweke wis kekeselsn anggone nyambut gawe. Umurku sansaya nambah, rambutku nyelot putih. Sawijining dina aku lara, nanging anakku namung wenehi dhuwit, dheweke ora gelem ngeterake aku menyang klinik. Wektu aku mlaku menyang klinik, aku ketemu karo Bu Jono mantan juraganku.
“Yu karti, arep nyandi yu ? kok tansah lemes tak sawang.” Pitakone Bu Jono.
“Ajeng menyang klinik, Bu. Awak kula radi boten kepenak.”
“Lha kok ora diterne Mawar ? Apa Mawar saiki sibuk nyambut gawe terus ?” Bu Jono takon maneh.
‘Inggih, Bu. Kajenge Mawar nyambut damel. Kula nggih boten punapa menyang klinik piyambak.”
Telung dina kepungkur, awakku wis mari. Aku nglakoni pagaweyanku ngomah padha biyasane. Wektu aku ngancani Mawar sarapan, ora tak sangka Mawar nagih dhuwit kang wis diwenehke aku nalika aku lara kae. Aku kaget lan sedih ngerti anakku dadi etungan karo ibune dhewe. Anakku kang wis tak larine, tak openi wiwit lair, tak sekolahne dhuwur nganti tak golekne utangan supaya bisa kagayuh cita-citane nanging dadi wong kang etungan karo ibune dhewe.
Sawijining dina, anakku ulang taun. Aku namung bisa nukokake hadiah kalmbi kang regane ora sepiro. Wektu aku mulih tuku klambi, ana mobil kang lagi ngebut. Mobil iku nabarak aku kanthi aku dadi ora sadar. Aku digawa menyang rumah sakit. Mawar kang lagi mulih anggone nyambut gawe krunggu kabar menawa aku ing rumah sakit banjur dheweke menyang rumah sakit. Hadiah ulang taun kanggo Mawar kang wis tak siapake didokok suster ing meja cedhak turonku. Mawar teka rumah sakit banjur mlebu ing ruangan aku dirawat. Dheweke banjur nangis amarga reti aku kanthi urung sadar. Mawar banjur njikuk kotak hadiah ing meja iku lan maca surat kang wis tak tulis sakdurunge aku ditabrak mobil.
“Nduk, Mawar anakku. Sugeng ambal warsa ya Nduk. Ibu njaluk ngapura menawa ibu durung bisa gawe kowe seneng. Ibu nyuwun ngapura nalika ibu wis ngrepotake kowe. Ibu reti kowe wis dadi wong sukses. Ibu bangga karo kowe Nduk. Nanging ibu sedhih amarga kowe saiki ora nduwe wektu kanggo ibu. Ibu ora nyalahake kowe Nduk. Ibu mung kepengin kowe tetep dadi Mawar kang sayang karo ibumu iki kaya rasa sayange ibu menyang kowe.”
Wektu Mawar maca surat kang ana ing kotak hadiah kuwi, dheweke nangis lan nyesel amarga wis gawe aku sedhih.
“Bu, kula nyuwun pangapura kaliyan ibu. Ibu boten salah. Kula Bu sek salah. Kula sampun dadi anak durhaka. Kula sayang panjenengan, Bu.”
Ora suwe aku langsung sadar. Mawar reti aku sadar dheweke langsung ngrangkul aku lan dheweke janji karo aku ora bakal ngulangi kelakuane kang marai aku sedhih maneh. 


45 komentar:

  1. Keren mbak sil crikak e 👍

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun hehehe, mugi-mugi saged mupangat

      Hapus
  2. Crikak menika saking jenengan mbk?

    BalasHapus
  3. Ditunggu kelanjutan crikaknya kak

    BalasHapus
  4. Suangat membantu kak. Lanjutkan

    BalasHapus
  5. Ceritanya menarik kak. Salam kenal ya.

    BalasHapus
  6. Mantappp kak minta nomer boleh?

    BalasHapus
  7. Baguus ceritanya. Ditunggu karya selanjutnya kaka 😊😊

    BalasHapus
  8. Baguss kak cerkaknya, ku tunggu cerkak selanjutnyaa kak

    BalasHapus
  9. Cerkaknya baguss kakk, kuy tunggu cerkak selanjutnya kakk...

    BalasHapus
  10. Baguss kak, ditunggu karya selanjutnya ya

    BalasHapus
  11. bagus kak sangat membantu, lanjutkan!

    BalasHapus
    Balasan
    1. Terima kasih kak, tunggu crikak selanjutnya yaa

      Hapus
  12. Karya yang bagus kak, ditunggu postingan selanjutnya. Sukses terus 👍

    BalasHapus
  13. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus