Dening
Prysila D E
Pitik
jago kang biyasane mlangkring ana ing uwit pelem etan omahku kluruk nandhakake nalika
iki wayah esuk. Aku banjur tangi saka kasurku kang wis rada tua iki. Aku tangi
lan pinuju menyang kamare anakku. Tak gugah anakku sing ijik turu angler banjur
tak jak sholat subuh bareng. Sanajan bojoku wong rantauan, aku mung sakomah
karo anakku wedok kang umure wis ngancik limalas taun. Anakku jenenge Mawar.
Aku wenehi anakku jeneng Mawar supaya besuk gedhe dadi wong wadon kang bisa
njaga awake dhewe lan njaga jenenge wong tuwa. Aku mung wong mlarat kang
pagaweyane ora mesthi. Bojoku lunga menyang Jakarta, nanging wis luwih saka
rong taun dheweke durung bali meyang desa lan ora wenehi kabar. Anakku saiki
sekolah wis kelas telu SMP. Aku kudu nyambut gawe kang luwih sregep supaya bisa
nglumpukake dhuwit akeh kanggo nglanjutake sekolah anakku menyang jenjang SMA.
Aku nduwe cita-cita nyekolahake anakku nganti teka perguruan tinggi.
Aku
nyambut gawe ana ing warung mangan kang mapan ing sakcedhake omahku. Sadururnge
aku mangkat nyambut gawe, aku menyang alas disik golek godhong gedang banjur
tak do ling pasar. Ing pasar aku sisan tuku beras lan tempe. Wektu teko ngomah,
beras lan tempe mau banjur tak masak lan tak gawe sarapan karo anakku. Rampung sarapan, anakku pamit mangkat menyang
sekolahan. Wektu anakku mangkat sekolah aku uga mangkat menyang nggonku nyambut
gawe.
“Yu
karti, tulung piring lan gelas iki isahana saiki ya.” Prentahe Bu Jono
juraganku wektu aku teka warung.
“Inggih,
Bu.”
Dina
ganti dina, aku nglakoni pagaweyanku kaya biyasane. Anakku saiki wis anyak
tryout sedilit maneh ujian nasional. Aku kudu cepak-cepak dhuwit kanggo daftar
sekolah SMA anakku. Wayah pendaftaran wis dibuka, banjur tak daftarke anakku
menyang SMA negeri. Aku milihake anakku sekolah ing negeri supaya biayane ora
akeh.
Ing
SMA anakku kagolong bocah pinter, dheweke entuk beasiswa, mula anakku ora bayar
spp. Wektu ganti semester, anakku njaluk dhuwit kanggo tuku buku. Nanging aku
durung nduwe duit kanggo tuku buku anakku.
“Bu,
kula nyuwun arta kangge tumbas buku, kancane sampun padha tumbas. Namung kula
sek dereng tumbas.”
“Iya,
nduk. Nanging iki ibu lagi ora nduwe dhuwit. Yen kowe arep sinau, kowe njiliho
bukune kancamu dhisik ya, nduk.”
“Ibu
niku pripun to ? lha jare pengin kula dadi wong pinter, nanging nyuwun arta
kangge tumbas buku mawon boten diparingi.” Swarane anakku rada banter, banjur
dheweke mlebu kamar.
Aku
sedhih nalika krungu omongane anakku mau. Aku dadi wong tuwa nanging ora bisa nyenengake
anakku. Pirang-pirang dina anakku ora gelem omongan karo aku amarga ora tak
wenehi duwit kanggo tuku buku, dheweke uga ora gelem mangan. Wektu dhuwitku wis
mlumpuk kanggo tuku buku anakku, aku banjur wenehake dhuwit kuwi menyang
anakku.
“Nduk,
Mawar…” aku mlebu menyang kamare anakku.
Tak
tonton anakku lagi krubutan sarung, jebul dheweke lara amarga ora gelem mangan.
Banjur mawar tak gawa menyang klinik. Dhuwit kang jane kanggo tuku buku, tak
kelongake kanggo prikso Mawar. Sakwise Mawar mari, aku banjur ngutang dhuwit
menyang tonggoku kanggo tuku bukune Mawar. Aku ora kepengin Mawar suwe-suwe
nesu karo aku.
Wayah
ganti wayah, Mawar saiki wis kelas telu SMA. Mawar ngomong menyang aku nalika
dheweke kepengin kuliah. Gelem ora gelem, aku kudu nuruti panjaluke anakku
amarga aku sayang banget karo anakku. Anakku kuliah kanthi oleh beasiswa,
dheweke kuliah dibiayai negara. Atiku rada lega amarga kuwi. Ing pakuliahan,
Mawar dadi mahasiswa teladhan. Mawar kerep melu lomba-lomba tingkat nasional.
Wektu dheweke wisuda, dheweke langsung digoleki dening manager perusahaan gedhe
lan ditawani nyambut gawe. Aku sansaya bungah krungu kabar iku saka anakku.
Anakku
nyambut gawe ing perusahaan dadi sekertaris. Sawijining dina, anakku gajian.
Dhuwit kang ditampa anakku jumlahe punjul saka rong juta. Anakku mulih saka
pagaweyane banjur wenehi aku dhuwit iku.
“Bu,
niki arta kangge dandani omah niki nggih, mangke jenengan pados tukang. Supaya
yen udan boten trocoh.” Anakku ngelungake dhuwit gajiane iku mau.
Dhuwit
kui tak simpen lan aku golek tukang kanggo dandani omahku iki. Suwe-suwe oamhku
dadi apik amarga anakku wis dadi wong sukses. Amarga anakku nyambut gawe dadi
sekertaris, dheweke kerep mulih bengi. Saben teka ngomah langsung turu. Aku lan
anakku arang omongan. Aku kangen karo anakku kang wis tak kandhung lan tak
openi wiwit lair.
“Nduk,
kene ibu pengin omongan karo kowe sedilit wae.”
“Ngendika
punapa bu ? kula niku wis ngantuk lan kesel. Benjing mawon bu menawi ajeng
ngendika.”
Saben
dina aku wis nyoba ngajak omongan anakku, nanging dheweke alesan terus. Aku ora
tega nalika meksa omongan karo anakku amarga dheweke wis kekeselsn anggone
nyambut gawe. Umurku sansaya nambah, rambutku nyelot putih. Sawijining dina aku
lara, nanging anakku namung wenehi dhuwit, dheweke ora gelem ngeterake aku
menyang klinik. Wektu aku mlaku menyang klinik, aku ketemu karo Bu Jono mantan
juraganku.
“Yu
karti, arep nyandi yu ? kok tansah lemes tak sawang.” Pitakone Bu Jono.
“Ajeng
menyang klinik, Bu. Awak kula radi boten kepenak.”
“Lha
kok ora diterne Mawar ? Apa Mawar saiki sibuk nyambut gawe terus ?” Bu Jono
takon maneh.
‘Inggih,
Bu. Kajenge Mawar nyambut damel. Kula nggih boten punapa menyang klinik piyambak.”
Telung
dina kepungkur, awakku wis mari. Aku nglakoni pagaweyanku ngomah padha biyasane.
Wektu aku ngancani Mawar sarapan, ora tak sangka Mawar nagih dhuwit kang wis diwenehke
aku nalika aku lara kae. Aku kaget lan sedih ngerti anakku dadi etungan karo
ibune dhewe. Anakku kang wis tak larine, tak openi wiwit lair, tak sekolahne
dhuwur nganti tak golekne utangan supaya bisa kagayuh cita-citane nanging dadi
wong kang etungan karo ibune dhewe.
Sawijining
dina, anakku ulang taun. Aku namung bisa nukokake hadiah kalmbi kang regane ora
sepiro. Wektu aku mulih tuku klambi, ana mobil kang lagi ngebut. Mobil iku
nabarak aku kanthi aku dadi ora sadar. Aku digawa menyang rumah sakit. Mawar
kang lagi mulih anggone nyambut gawe krunggu kabar menawa aku ing rumah sakit
banjur dheweke menyang rumah sakit. Hadiah ulang taun kanggo Mawar kang wis tak
siapake didokok suster ing meja cedhak turonku. Mawar teka rumah sakit banjur
mlebu ing ruangan aku dirawat. Dheweke banjur nangis amarga reti aku kanthi
urung sadar. Mawar banjur njikuk kotak hadiah ing meja iku lan maca surat kang
wis tak tulis sakdurunge aku ditabrak mobil.
“Nduk,
Mawar anakku. Sugeng ambal warsa ya Nduk. Ibu njaluk ngapura menawa ibu durung
bisa gawe kowe seneng. Ibu nyuwun ngapura nalika ibu wis ngrepotake kowe. Ibu
reti kowe wis dadi wong sukses. Ibu bangga karo kowe Nduk. Nanging ibu sedhih
amarga kowe saiki ora nduwe wektu kanggo ibu. Ibu ora nyalahake kowe Nduk. Ibu
mung kepengin kowe tetep dadi Mawar kang sayang karo ibumu iki kaya rasa
sayange ibu menyang kowe.”
Wektu
Mawar maca surat kang ana ing kotak hadiah kuwi, dheweke nangis lan nyesel
amarga wis gawe aku sedhih.
“Bu,
kula nyuwun pangapura kaliyan ibu. Ibu boten salah. Kula Bu sek salah. Kula
sampun dadi anak durhaka. Kula sayang panjenengan, Bu.”
Ora suwe aku langsung
sadar. Mawar reti aku sadar dheweke langsung ngrangkul aku lan dheweke janji
karo aku ora bakal ngulangi kelakuane kang marai aku sedhih maneh. 